Ramadhan tahun kie sekolahe nyong ngadakna grebek ramadhan. sing acarane mlaku mlaku gawa gunungan, gunungan e macem macem ana sing isine jajan, karo sayur. acara kue di llakoni sedurunge bulan ramadhan teka. istilahe kaya nyambut ramadhan lah. sing melu grebeg ramadhan kue akeh mulai saka guru guru karo murid saka kelas 7 sampe 9. gunungane juga akeh, ora mung 1 tok tapi ana 4.
Selain grebeg ramadhan sekolahe nyong juga ngadakna pesantren kilat karo bukber. acara kie di adakna 3 dina bertururt turut urutane saka kelas 7,8,9. Pesantren kilat kie acarane esuk jam 08.30-11.00 . Sorene pada mangkat maning soale pan ana bukber karo sholat teraweh bareng.
Sekolahe nyong juga ngadakna bagi bagi takjil, setiap sabtu. nah sing nyumbang takjil kue bocah kelas 7,8,9. Misal bocah kelas 7 gawa takjil minggu pertama, kelas 8 minggu ke loro, kelas 9 minggu ke telu. takjile kue di bagikna maring wong wong sing kurang mampu. Wingi ternyata juga ana baza baju sing di dedol regan murah murahan. tujuane endah wong sing kurang mampu tuku klambi bada, bisa ngrasakna tuku klambi bada.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar