Tanggal 6 november 2023 kanca kanca ku pada mangkat study tour tapi aku ora melu study tour gara gara kursine wis entong. wingi pas kanca kanca ku study tour aku nang umah, nang umah aku mumet . Akhire aku nang umah mung istirahat nang kasur. sebenere pas dina jumat aku wis ngerasakna ora enak awak. Tapi pas jumat esuk e ana olahraga, nah nang kono olahrane mlayu mlayu ngiteri lapangan Yos Sudarso. Ti tambah pas awane ana wide game. Sabtune aku mangkat, ternyata ana sabtu sehat, sabtu sehate mlaku mlaku maring Alun Alun. Esuke dina minggu awake aku wis pada lara. Akhire senine aku ora mangkat. Pas senin sore ne aku di jak ibu ku priksa maring dokter. Balik sekang kana aku olih obat akeh.
Dina selasa esuk aku di jak bapaku maring PAI endah awake kerasa seger maning. balik sekang PAI aku mampir maring budhe ku sing ana nang Adiwerna. Balik sekang budhe aku di mein jajan jajan akeh. Pas balik aku mampir maring toko buah, soale aku pengen buah semangka. Anjog nang umah ternyata akeh soda sodara pada dolan, aku dolan karo keponakan ku sing esih cilik. Ponakanku rewel nemen. Akhire aku dolanan hp bae, ternyata kancaku ngabari wis anjog hotel pan siap siap lunga maning. Aku wis bosen dolanan hp, akhire aku lanjut dolanan karo keponakan ku sing mau reweel, akhire wis ora rewel. Ternyata sodaraku kue pan nginep nang umahku, aku seneng nemen soale akeh kanca. Sorene aku di jaak tuku jajan ganing sodaraku sing seumuran. Aku ngejak sodaraku tuku jajan nang sawah. Nang kana akeh nemen jajan jajan, sodaraku seneng. Nang kana aku tuku jajan jajan lok lok sing di bakar bakar. Bengine aku di jak sodaraku, mangan nang jaba. balik mangan aku karo sodaraku dolanan hp bareng. Aku seneng nemen angger sodaraku nginep nang umahku soale sedurunge turu aku bisa dolanan tuli karo sodaraku.
Esuk e dina rabu,aku di jak sodaraku sarapan nang Alun alun. balik sekang Alun alun ternyata sodaraku pan langsung balik. Aku sedih soale laka sing pan dejak dolan maning nang umah, ana adik ku sih tapi adiku ora gelem di jak dolan karo aku. Akhire aku dolanan hp, pas nge cek grup ternyata sing ora melu study tour gongkon gawe maklah tentang cagar budaya. Aku langsung ngetokna laptop saka tas, terus langsung ngerjakna. Aku jukut cagar budayane Waterleiding.Aku ngerjakna ora langsung selesai soale gongkon foto nang ngarep cagar budayane langsung, aku ora sempet lunga maring mana, soale laka sing nganter.
Dina kamis e aku esih prei soal e kanca kancaku nembe balik saka study tour, guru guru juga nembe balik saka study tour. Aku bosen nemen pas dina kamis, akhire aku dola karo kucingku sing arane Mochi. Kucingku mochi angger dejak dolanan pasti nyakar nyakar, aku males. Akhire aku lanjut dolanan hp, scrol tik tok. Ternyata pas aku dolanan hp aku di kongkon ibu ku jemur nang jaba endah awake kerasa enak. bar jemur aku adus, bar adus ternyata aku keturon. Sorene aku di gugah ibuku dijak maring tanteku sing anake lagi ulang tahun. Nang kana aku bantu bantu. Selesai bantu bantu aku dolanan game nang hp karo sodaraku. Balik sekang tante ku aku langsung ngelanjutna gawe makalah, soale kudu di kumpulna pas dina sabtune. selesai gawe makalah, ternyata aku klalen foto ngarepe waterleiding, untunge esih ana waktu pas dina jumat.
Dina jumat aku mangkat sekolah, ana upacara hari pahlawan. Selesai upacara ternyata ana kancaku sing mein oleh oleh. Pas dina jumat kue jamkos, dadine aku dolanan karo Nadhiva, Carissa. Kanca sebangku ku Jihan ora masuk gara gara mumet tas study tour, aku kesepian laka sing ngejak ngobrol. Pas balik e aku di jemput mba ku. Aku njaluk dater maring Waterleiding nggo foto nang ngarep e. Balik sekang waterleiding aku langsung nganjutna makalah. Aku ngerjakna makalah tinggal nambahna foto tok. selesai gawe makalah aku langsung ngeprint. Soale sabtune kudu wis di kumpulna. Pas dina sabtune aku nge chat Bu Efta, takon makalah e di kumpulna nang ndi. Bu efta jawab makalahe di kumpulna nang meja ne nang ruag guru. Akhire aku maring ruang guru nggo ngumpuna maklah nang mejane Bu Efta.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar