Kamis, 04 Januari 2024

Preinan semester

    Preinan wingi, aku nang umah 3 dina cuma mangan turu mngan turu, tapi ternyata sepupuku sing saaka jakarta pan dolan maring umah. Aku seneng banget soale ama kanca dolan. Sepupuku sing saka jakarta dolan maring umahku ora dewekan, tapi karo ibu, bapane, terus kakang adine. Sodara sodara ku dolan maring umah ku pan ketemu karo mbah ku karo sisa pan liburan. Sepupuku sing seumuran karo aku ngajak maring pantai. Tapi ngajak e bengi bengi akhire ora sida. Aku karo sepupuku turu bareng, sedurunge turu biasane dolanan tuli, biasane dolanan game angger ora cerita cerita. 

   Esuke ternyata maring pantai, nang kana aku karo sepupuku ora renang, nang kana dewek cuma dolanan pasir, nggoleti kerang, foto foto. Balike aku karo sepupuku dolanan. Sawise dolanan game aku karo sepupuku tuku jajan karo sisan motor motor an. Bengine aku karo sepupuku dejak maring alun alun, nang kana rame nemen, soale lagi pada liburan. nanag kana dewek cuma muter muter, numpak mobil mobilan karo tuku jajan, terus balik. Balik nang umah dewek langsung bersih bersih terus siap siap turu.

  Esuk esuk aku karo sepupuku mlaku mlaku goleti sarapan. Balik goleti sarapan aku karo sepupuku karo sing liane sarapan bareng. selesai sarapan aku adus. ternyata sodaraku nang umahku cuma 1 dina 2 bengi. bar aku adus ternyata sodaraku pan langsung mangkat maring jakarta.  Sodaraku kabeh wis pada mangkat, aku nang umah laka kanca, palingan ana abel adiku, akhire aku cuma dolanan game, bantuni ibu, karo mangan turu. 

  Pas dina kamis minggu ke 2 n aku karo keluargaku maring guci, nang kana atis nemen.  aku karo adiku renang renang. bar renang dewek mangan mie. bengine aku nang kana bakar bakaran. tapi aku ora doyan. akhire aku cuma bantuni tok, pas bakar bakar an ora cuma keluargaku tapi sepupuku sing nang adiwerna juga melu. bar bakar bakar an dewek turu. Esuke dewek renang banyu anget. bar renang aku siap siap pan balik, sedurunge balik ora klalen tuku oleh oleh. 

  Balik sekang guci aku dijak sodaraku nginep nang umahe, aku gelem soale aku laka kanca nang umah. Tapi ternyata nang umah sodaraku aku luiwh gabut, akhire aku doanan game karo kancaku. balik sekang sodaraku, aku dijak dlan karo kanca kancaku sing nang umah, dewek tuku jjaan terus nonton flim.
  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Ramadhan

 Ramadhan tahun kie sekolahe nyong ngadakna grebek ramadhan. sing acarane mlaku mlaku gawa gunungan, gunungan e macem macem ana sing isine j...