Kamis, 04 April 2024

Ramadhan

 Ramadhan tahun kie sekolahe nyong ngadakna grebek ramadhan. sing acarane mlaku mlaku gawa gunungan, gunungan e macem macem ana sing isine jajan, karo sayur. acara kue di llakoni sedurunge bulan ramadhan teka. istilahe kaya nyambut ramadhan lah. sing melu grebeg ramadhan kue akeh mulai saka guru guru karo murid saka kelas 7 sampe 9. gunungane juga  akeh, ora mung 1 tok tapi ana 4.  

Selain grebeg ramadhan sekolahe nyong juga ngadakna pesantren kilat karo bukber. acara kie di adakna 3 dina bertururt turut urutane saka kelas 7,8,9. Pesantren kilat kie acarane esuk jam 08.30-11.00 . Sorene pada mangkat maning soale pan ana bukber karo sholat teraweh bareng.

Sekolahe nyong juga ngadakna bagi bagi takjil, setiap sabtu. nah sing nyumbang takjil kue bocah kelas 7,8,9. Misal bocah kelas 7 gawa takjil minggu pertama, kelas 8 minggu ke loro, kelas 9 minggu ke telu. takjile kue di bagikna maring wong wong sing kurang mampu. Wingi ternyata juga ana baza baju sing di dedol regan murah murahan. tujuane endah wong sing kurang mampu tuku klambi bada, bisa ngrasakna tuku klambi bada. 


Kamis, 04 Januari 2024

Preinan semester

    Preinan wingi, aku nang umah 3 dina cuma mangan turu mngan turu, tapi ternyata sepupuku sing saaka jakarta pan dolan maring umah. Aku seneng banget soale ama kanca dolan. Sepupuku sing saka jakarta dolan maring umahku ora dewekan, tapi karo ibu, bapane, terus kakang adine. Sodara sodara ku dolan maring umah ku pan ketemu karo mbah ku karo sisa pan liburan. Sepupuku sing seumuran karo aku ngajak maring pantai. Tapi ngajak e bengi bengi akhire ora sida. Aku karo sepupuku turu bareng, sedurunge turu biasane dolanan tuli, biasane dolanan game angger ora cerita cerita. 

   Esuke ternyata maring pantai, nang kana aku karo sepupuku ora renang, nang kana dewek cuma dolanan pasir, nggoleti kerang, foto foto. Balike aku karo sepupuku dolanan. Sawise dolanan game aku karo sepupuku tuku jajan karo sisan motor motor an. Bengine aku karo sepupuku dejak maring alun alun, nang kana rame nemen, soale lagi pada liburan. nanag kana dewek cuma muter muter, numpak mobil mobilan karo tuku jajan, terus balik. Balik nang umah dewek langsung bersih bersih terus siap siap turu.

  Esuk esuk aku karo sepupuku mlaku mlaku goleti sarapan. Balik goleti sarapan aku karo sepupuku karo sing liane sarapan bareng. selesai sarapan aku adus. ternyata sodaraku nang umahku cuma 1 dina 2 bengi. bar aku adus ternyata sodaraku pan langsung mangkat maring jakarta.  Sodaraku kabeh wis pada mangkat, aku nang umah laka kanca, palingan ana abel adiku, akhire aku cuma dolanan game, bantuni ibu, karo mangan turu. 

  Pas dina kamis minggu ke 2 n aku karo keluargaku maring guci, nang kana atis nemen.  aku karo adiku renang renang. bar renang dewek mangan mie. bengine aku nang kana bakar bakaran. tapi aku ora doyan. akhire aku cuma bantuni tok, pas bakar bakar an ora cuma keluargaku tapi sepupuku sing nang adiwerna juga melu. bar bakar bakar an dewek turu. Esuke dewek renang banyu anget. bar renang aku siap siap pan balik, sedurunge balik ora klalen tuku oleh oleh. 

  Balik sekang guci aku dijak sodaraku nginep nang umahe, aku gelem soale aku laka kanca nang umah. Tapi ternyata nang umah sodaraku aku luiwh gabut, akhire aku doanan game karo kancaku. balik sekang sodaraku, aku dijak dlan karo kanca kancaku sing nang umah, dewek tuku jjaan terus nonton flim.
  

Kamis, 23 November 2023

study tour

     Tanggal 6 november 2023 kanca kanca ku pada mangkat study tour tapi aku ora melu study tour gara gara kursine wis entong. wingi pas kanca kanca ku study tour aku nang umah, nang umah aku mumet . Akhire aku nang umah mung istirahat nang kasur. sebenere pas dina jumat aku wis ngerasakna ora enak awak. Tapi pas jumat esuk e ana olahraga, nah nang kono olahrane mlayu mlayu ngiteri lapangan Yos Sudarso. Ti tambah pas awane ana wide game. Sabtune aku mangkat, ternyata ana sabtu sehat, sabtu sehate mlaku mlaku maring Alun Alun. Esuke dina minggu awake aku wis pada lara. Akhire senine aku ora mangkat. Pas senin  sore ne aku di jak ibu ku priksa maring dokter. Balik sekang kana aku olih obat akeh. 

   Dina selasa esuk aku di jak bapaku maring PAI endah awake kerasa seger maning. balik sekang PAI aku mampir maring budhe ku sing ana nang Adiwerna. Balik sekang budhe aku di mein jajan jajan akeh. Pas balik aku mampir maring toko buah, soale aku pengen buah semangka.  Anjog nang umah ternyata akeh soda sodara pada dolan, aku dolan karo keponakan ku sing esih cilik. Ponakanku rewel nemen. Akhire aku dolanan hp bae, ternyata kancaku ngabari wis anjog hotel pan siap siap lunga maning. Aku wis bosen dolanan hp, akhire aku lanjut dolanan karo keponakan ku sing mau reweel, akhire wis ora rewel. Ternyata sodaraku kue pan nginep nang umahku, aku seneng nemen soale akeh kanca. Sorene aku di jaak tuku jajan ganing sodaraku sing seumuran. Aku ngejak sodaraku tuku jajan nang sawah. Nang kana akeh nemen jajan jajan, sodaraku seneng. Nang kana aku tuku jajan jajan lok lok sing di bakar bakar. Bengine aku di jak sodaraku, mangan nang jaba. balik mangan aku karo sodaraku dolanan hp bareng. Aku seneng nemen angger sodaraku nginep nang umahku soale sedurunge turu aku bisa dolanan tuli karo sodaraku.

  Esuk e  dina rabu,aku di jak sodaraku sarapan nang Alun alun. balik sekang Alun alun ternyata sodaraku pan langsung balik. Aku sedih soale laka sing pan dejak dolan maning nang umah, ana adik ku sih tapi adiku ora gelem di jak dolan karo aku. Akhire aku dolanan hp, pas nge cek grup ternyata sing ora melu study tour gongkon gawe maklah tentang cagar budaya. Aku langsung ngetokna laptop saka tas, terus langsung ngerjakna. Aku  jukut cagar budayane Waterleiding.Aku ngerjakna ora langsung selesai soale gongkon foto nang ngarep cagar budayane langsung, aku ora sempet lunga maring mana, soale laka sing nganter. 

  Dina kamis e aku esih prei soal e kanca kancaku nembe balik saka study tour, guru guru juga nembe balik saka study tour. Aku bosen nemen pas dina kamis, akhire aku dola karo kucingku sing arane Mochi. Kucingku mochi angger dejak dolanan pasti nyakar nyakar, aku males. Akhire aku lanjut dolanan hp, scrol tik tok. Ternyata pas aku dolanan hp aku di kongkon ibu ku jemur nang jaba endah awake kerasa enak. bar jemur aku adus, bar adus ternyata aku keturon. Sorene aku di gugah ibuku dijak maring tanteku sing anake lagi ulang tahun. Nang kana aku bantu bantu. Selesai bantu bantu aku dolanan game nang hp karo sodaraku. Balik sekang tante ku aku langsung ngelanjutna gawe makalah, soale kudu di kumpulna pas dina sabtune. selesai gawe makalah, ternyata aku klalen foto ngarepe waterleiding, untunge esih ana waktu pas dina jumat.

  Dina jumat aku mangkat sekolah, ana upacara hari pahlawan. Selesai upacara ternyata ana kancaku sing mein oleh oleh. Pas dina jumat kue jamkos, dadine aku dolanan karo Nadhiva, Carissa. Kanca sebangku ku Jihan ora masuk gara gara mumet tas study tour, aku kesepian laka sing ngejak ngobrol. Pas balik e aku di jemput mba ku. Aku njaluk dater maring Waterleiding nggo foto nang ngarep e. Balik sekang waterleiding aku langsung nganjutna makalah. Aku ngerjakna makalah tinggal nambahna foto tok. selesai gawe makalah aku langsung ngeprint. Soale sabtune kudu wis di kumpulna. Pas dina sabtune aku nge chat Bu Efta, takon makalah e di kumpulna nang ndi. Bu efta jawab makalahe di kumpulna nang meja ne nang ruag guru. Akhire aku maring ruang guru nggo ngumpuna maklah nang mejane Bu Efta. 


Kamis, 14 September 2023

Pengalaman pertama kali masuk smp


    Dulu waktu aku Pertama kali masuk SMP aku bingung mencari ruangan mana yang harus aku masuki. Setelah aku bertanya tanya kepada petugas MPLS, akhirnya aku masuk ruangan yang aku tuju. Normalnya semua sekolah mengadakan MPLS atau Masa Pengenalan Lingkungan Sekolah.

    Nah, setelah aku masuk ke ruangan, aku mencari tempat duduk. Disitu semua anak di beri arahan untuk acara MPLS.  Kakak kakak yang memberi arahan sangat baik dan lembut!!! aku suka. Kaka kaka MPLS memberi arahan untuk membawa jajan dan sembako untuk hari terakhir MPLS. 

   Di hari pertama, aku menemukan teman pertama ku yaitu Queena. Yang sampai sekarang aku berteman baik denganya. Sore harinya anak anak yang mengikuti MPLS di suruh untuk berangkat sore untuk PBB. Ternyata PBB di SMP 2 atau lebih bisa di kenal dengan JODHIPATI itu keren banget!!!. Pelatihnya sangat baik dan asik. Sore itu aku menemukan teman baru yang bernama Aiys. 

      Di hari kedua aku dan seluruh teman reman kelasku mengelilingi lngkungan sekolah untuk mengenalnya. Di situ aku sangat kagum, karena aku kira SMP 2 itu tidak luas. Sehabis itu bel istirahat berbunyi  aku dan Queena pergi ke kantin untuk membeli jajan, di situ aku menemukan teman baru, yaitu Afyy. Dia sangat baik dan lembut. Setelah Istirahat, semua anak masuk kelas untuk mendengarkan arahan dari kaka kaka MPLS untuk hari MPLS ke 3. Sorenya semua anak di suruh berangkat lagi untuk PBB.

     Di hari ketiga MPLS, ternyata ada pertunjukan keren dari anak anak yang baru masuk. di situ aku melihat perwakilan dari setiap kelas 7 yang baru masuk maju menampilkan penampilanya yang sangat keren. Nah ternyata jajan dan sembako waktu itu, dibagikan lagi. Sembako yang waktu itu di kumpulkan di bagikan kepada masyarakat sekitar yang kurang mampu. Sedangkan jajan nya di bagikan kepada anak anak. Setelah menonton penampilan yang sangat keren, akhirnya pembagian kelas. Di situ aku sangat takut tidak sekelas lagi bersama Queena. Tapi ternyata aku dan teman teman kelas ku sekelas lagi. Hanya satu anak yang di tukar. Setelah pembagian kelas, ada pembagian juara. Alhamdulllah kelas aku mendapatkan juara 3.Sore hari nya semua anak di suruh berangkat PBB untuk seleksi anggota JUPUL yaitu untuk hari 17 agustus.

Ramadhan

 Ramadhan tahun kie sekolahe nyong ngadakna grebek ramadhan. sing acarane mlaku mlaku gawa gunungan, gunungan e macem macem ana sing isine j...